artikel basa jawa

Mbuang Sampah Wae Kok Angel

OLEH: OjoNesu 10 Agustus 2010 
gambar saka @heyhenree
gambar saka @heyhenree
Pancen sampah ki dadi masalah nomor utama ning Indonesia saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana Jakarta, nanging wong Indonesia isih ora gelem sadhar yen mbuang sampah iku kudu ana panggonane. Pokoke waton wuuur…buang. Padahal, Indonesia iku termasuk negara kang nyediani tempat sampah ana ngendi-ngendi. Wis ngono le mbuang wae ora sah kudu milah-milah sampah daur ulang, sampah basah, apa sampah umum. Penak! gari plung..beres!
Akeh wong isih sok ngaitake tingkat pendidikan karo kesadaran membuang sampah. Yen menurutku kaitane sithik, ora linear. Buktine isih akeh penumpang-penumpang mobil pribadi ana jalan tol sing mbuang sampah sembarangan.
Cilakane meneh sampah sing dibuang metu jendela iku plastik kang isine utah-utahan (wong muntah). Aku wis tau ketiban plastik kaya ngono kuwi lan wutah ana ing kaca ngarep, nutupi pandangan sopir. Lak yo mbebayani to?
Yake pancen kabeh peraturan ki kudu ana ancamane kaya ing gambar dhuwur kuwi. Saka mbuang sampah, peraturan lalu-lintas, lan saliya-liyane. Hahaha. Salah sithik gebuk! Buktine ana kampungku tulisan “Pelan-pelan, banyak anak kecil” isih ora medeni tukang kebut-kebutan. Luwih efektif nganggo tulisan “Ngebut benjut!” .
Yen wis ngono kuwi sapa sing isih wani ngomong yen peraturan kuwi untuk dilanggar? :) Wani ngelanggar dijamin terkapar..Haha!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

BERBAGI PRAKTIK BAIK DALAM PEMBELAJARAN

Bismillahirahmanirrahim ... Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh karaharjan karahayon mugi tansah kajiwa kasarisa dumateng jengan...