paramasastra III



BAB III WIDYA UKARA

Widya ukara punika klebet peranganipun paramasastra ingkang ngrembag ukara, frasa lan klausa (Sintaksis). Tetiganipun boten saged dipunpisah amargi satunggal lan sanesipun wonten sambung rapetipun.

1. Frasa.
Frasa punika kelompok tembung kanthi tandha :
- Drajatipun monten antawisipun tembung lan klausa (sanginggilipun tembung sangandhapipun klausa).
- Dumados saking kalih tembung utawi langkung.
- Tembung-tembung ingkang kadhapuk ing frasa, urut-urutanipun boten kenging nglngkungi wasesa. Frasa racakipun dumados saking inti lan atribut (inti = diterangake, atribut = nerangake). Hukum DM = MD ing basa Indonesia.

Tuladha :
- Sepatu sandal
- Bocah lanang
- Klambi amoh
- Kandhang jaran
- Omah anyar

Warni-warninipun frasa :
a. Frasa Endosentrik.
Frasa ingkang namung nyebataken salah satunggal peranganipun, nanging perangan ingkang dipunsebat wau saged dados gantosipun perangan sanes.

Theklek kayu jati (- theklek kayu, - theklek jati).
Tape beras ketan (- tape beras, - tape ketan).

Ingkang naminipun jati punika peranganipun kajeng, naminipun ketan punika peranganipun wos/beras.

b. Frasa Eksosentrik.
Frasa ingkang salah satunggal peranganipun boten saged dados gantos perangan sanes.

Mas Tamrin mulih saka Pekalongan.
Mas Martono lagi lunga menyang Jakarta.

Dados boten saged dipunwastani :

Mas Tamrin mulih saka.
Mas Tamrin mulih Pekalongan.

Mas Martono lagi lunga menyang.
Mas Martono lagi lunga Jakarta.

Jinisipun frasa :
 Frasa Aran (nomina/benda). - Payung kertas.
 Frasa Kriya (verba/kerja). – arep mangan.
 Frasa Kaanan (adjektiva/keadaan). – cilik mentes.
 Frasa Wilangan (numeralia/bilangan). – telung wungkus.
 Frasa Katrangan (adverbia/keterangan). – mung bae.
 Sesulih (pronomina/ganti). – kowe kabeh.
 Ancer-ancer (preposisi/kata depan). – ing Kudus.

2. Klausa.
Rerangkenipun tembung ingkang saged ngudhar satunggaling gagasan (bab).
Klausa kedah wonten wasesanipun (predikat). Ing basa tulis klausa paling sekedhik dumados saking jejer + wasesa.

Dheweke kuwi // dokter khewan.
J W

3. Ukara.
Rerangkenipun tembung ingkang saged ngudhari satunggalipun kajeng. Pangrangkenipun tembung ngangge pranatan.

Tandha-tandha :
- Saged madeg piyambak.
- Saboten-botenipun dumados saking klausa (jejer + wasesa).
- Wiwitanipun ukara dipunserat aksara murda lan wekasanipun titik.
- Wonten lagunipun pocapan (intonasi).
- Aku sinau (ya klausa, ya ukara).
- malah dolan (frasa kriya).
- adhiku mala dolan (ya klausa, ya ukara).
- Aku sinau, adhiku malah dolan (ukara).

a. Jejer (subyek).
1) Jejer Awujud Tembung Aran/frasa aran.
2) Jejer Awujud Tembung Kriya/frasa kriya.
3) Jejer Awujud Tembung Kaanan/frasa kaanan.
4) Jejer Awujud Tembung Wilangan/krasa wilangan.
5) Jejer Awujud Tembung Sesulih Purusa/frasa sesulih purusa.

b. Wasesa (predikat).
1) Wasesa Awujud Tembung Kriya/frasa kriya.
2) Wasesa Awujud Tembung Kaanan/frasa kaanan.
3) Wasesa Awujud Tembung Aran/frasa aran.
4) Wasesa Awujud Tembung Wilangan/frasa wilangan.
5) Wasesa Awujud tembung/frasa ancer-ancer.

c. Lesan (obyek).
Yen wasesanipun tembung aran, kaanan utawa frasa ancer-ancer, ukara punika boten wonten lesanipun. Nanging manawi wasesanipun tembung kriya tanduk, lesan kedah wonten.

d. Geganep (pelengkap).
Rusmanto / ngirimi / Rusmini / wingka babad.
J W L Gg

Budi / nukokake / anakku / sepur-sepuran.
J W L Gg.

e. Panerang.
Mujudaken peranganipun tembung ingkang boten kedah wonten ing ukara. Saged mapan wonten ing pungkasanipun ukara, kawitanipun ukara lan antawisipun jejer lan wasesa.

Adhiku lara panas esuk mau.
Adhiku esuk mau lara panas.
Esuk mau adhuki lara panas.

4. Jinising Ukara.
a. Ukara tanduk lan tanggap.
1) Ukara tanduk (kalimat aktif).
Ukara ingkang wasesanipun tembung kriya tanduk, kanthi titikan padatan ngangge imbuhan anuswara (m-, n-, ng-, ny-).


Adhiku/lagi nggawe/ layangan / saka plastik.
J W L Gg



Bu Anis / menehi / putrane /sangu.
J W L Gg


Budi/ nukokake/adhine /dolanan.
J W L Gg


Nanik / nyulaki / meja guru.
J W L

2) Ukara tanggap (kalimat pasif).

Ukara ingkang wasesanipun tembung kriya tanggap, kanthi titikan padatan ngangge imbuhan anuswara (di, ka utawa seselan in).

Adhiku / didukani / bapak.
J W L


Wacan iki / katulis / nalika jaman Landa.
J W P

Mas Pur / winisudha / dadi sarjana ekonomi.
J W L

b. Ukara Lamba lan Camboran
1) Ukara Lamba.
Ukara ingkang dumados saking satunggal klausa. Tegesipun, ukara kasebut namung dumados saking jejer lan wasesa sarta dipuntambah lesan, geganep utawi panerang ingkang gunggungipun namung satunggal.

Widodo / seneng padu.
J W

2) Ukara Camboran.
Saben ukara dumados sakinlih klausa utawi laugkung. Jejer wasesanipun dumados langkung saking satunggal.

Dheweke teka nalika aku lagi mangan.

a) Camboran sejajar.
Ukara ingkang dumados saking kalih klausa utawi langkung lan klausa-klausa wau dipungandheng ngangge tembung panggandheng, lan ukara-ukara wau sadaya ukara inti.

Mbakyuku kuliah ing Jakarta lan adhiku ing Solo.

b) Camboran susun.
Ukara ingkang dumados saking kalih klausa utawi langkung, nanging antawisipun satunggal lan sanesipun wonten ingkang nguasani lan wonten ugi ingkang dipun kuasani.

- Mbak Yuli ora mangkat nyambut gawe jalaran lara panas.

Menawi dipunggatosaken klausa ingkang dipunserat kandel ing nginggil mujudaken klausa pang, klausa pang ngisi papanipun geganep.

c. Ukara Tema lan Rema.
Gatosaken ukara ngandhap punika.
- Bapak, blangkonipun radi miring.
- Mas Budi iki, tangane kenceng banget.

Perangan ingkang wonten ngajeng inggih punika

Bapak, Mas Budi iki, dipunwastani Topik (Tema).
Dene perangan ingkang wonten wingking, blangkonipun radi miring lan tangane kenceng banget,
dipunwastani komen/rema.

5. Warni-warninipun Ukara
a. Ukara Carita (kalimat berita).
Ukara carita inggih punika ukara ingkang isinipun nyritakaken satunggalipun bab utawi prastawa dhateng tiyang sanes. (Nalika aku nyang Rembang, ana prau layar kang kerem).

b. Ukara Pakon (kalimat perintah).
Ukara pakon inggih punika ukara ingkang suraosipun awujud pakon/prentah dhateng tiyang sanes, supados nindakaken pakaryan.

Ukara pakon, wonten werna gangsal :
1) Pakon lumrah. (Jogan kae sapunen).
2) Pakon pamenging. (Kowe ora kena lunga yen during rampung sinau).
3) Pakon pangajak. (Yen kepengin pinter, kudu sinau).
4) Pakon panantang. (Balangen, yen njaluk benjut sirahmu).
5) Pakon paminta. (Dhik, tulung jupukna kunci kontak ing meja).

c. Ukara Pitakon (kalimat Tanya).
1) Pitakon lumrah. (Pak Guru basa Jawa sing anyar iku asmane sapa ?).
2) Pitakon kang orang butuh wangsulan (retorika). (Sapa sing ora kepengin munggah kelas ?).
3) Pitakon paminta. (Piye yen jajan dhisik ?).

d. Ukara Sambawa (kalimat harapan). Inggih punika ukara ingkang isinipun awujud pengarep-arep, saupama utawa sanajan. Racakipun kawuwuhan imbuhan a utawi –ana. (Panasa ya gabahku ben garing. Sugiha dhuwit aku wis gawe omah. Ditangisana nganti lemes dheweke ora bakal urip maneh).

e. Ukara Sananta (niyat). Inggih punika ukara ingkang isinipun niyat, karep utawi sedya. (Sesuk awan aku arep ngundhuh jagung).
BAB IV WIDYA MAKNA

Widyamakna inggih punika ngelmu ingkang ngrembag bab teges lan bab-bab ingkang wonten gandhengenengipun kaliyan teges. Wudyaswara, widyatembung lan widyaukara, kedah nggatosaken widyamakna. Manawi boten nggatosaken makna, sadaya ingkang karembug boten wonten paedahipun.

Tuladha :
- Sepur numpak wong.
- Parmin numpak sepur.

Tuladha kasebat manawi kawawas manut pranataning ukara samwpun leres, amarga wonten jejeripun, wonten wasesanipun lan wonten lesanipun. Ananging ukara wau ingkang saged dipuntampi nalar namung ukara ingkang nomer kalih. Dados ngracik ukara boten namung waton leres strukturipun, nanging ugi kedah leres suraosipun. Tinampa nalar punapa boten, wonten gandheng-cenengipun kaliyan widyamakna.

Ingkang karembag ing Widyamakna :
1. Sinonim.
Sinonim = tembung kalih utawi langkung ingkang wujud lan panyeratipun benten, nanging tegesipun sami.

Jeneng = aran
Cepet = rikat
Langka = arang
Angslup = ambles
Adhem = atis

Nanging boten saben tembung ingkang sami tegesipun saged dipunangge ing sadhengah ukara.

Tuladha :

“Mas Budi ora seneng mangan sega adhem”.

Tembung adhem ora bisa diganti atis.

2. Antonim.
Antonim = tembung, frasa utawi ukara ingkang gadhah teges walikan kaliyan tembung, frasa utawi ukara sanesipun.

Tuladha :

Gedhe – cilik
Amba – ciyut
Dawa – cendhak
Pinter – bodho
Gampang – angel
Endhek – dhuwur

Antonim awujud frasa :

Sepedha motor kang anyar iku
Sepedha motor kang ora anyar iku

Antonim ing ukara :
Parmi lara untu
Parmi ora lara untu

3. Homonim.
Homonim = tembung setunggal ingkang seratanipun lan pangucapipun sarwa sami, nanging saged benten suraosipun.


Tuladha :
…….. ngukuri lemah.
…….. ngukuri geger.

…….. roti mawa keju.
Aja cedhak-cedhak mawa.

Mobile sedulurku sing antik, arep diedol.
Mobile sedulurku, sing antik, arep diedol.

Frasa sing antik ing ukara nginggil tegesipun ingkangn antik niku mobile, nanging manawi ingkang ngandhap, ingkang antik sedulurku.

a). Homofon.
Homofon = kalih tembung utawi langkung ingkang uelipun sami, nanging tegesipun benten. Utawi tembung kalih utawi langkung ingkang benten seratanipun lan suraosipun, nanging pocapan/ungelipun tembung sami utawa meh sami.

Anteb – antep (abot – tekad).
Kulub – kulup (gudhangan – anak).
Parab – parap (jeneng – tandha tangan).

b). Homograf.
Homograf = kalih tembung utawi langkung ingkang sami panyeratipun nanging boten sami tegesipun.

Teken – teken
Cemeng – cemeng
Kendel – kendel
Geger – geger
Meri – meri

4. Hiponim.
Hiponim klebet tembung ingkang tegesipun dipunanggep dados peranganipun tembung sanes utawi suraosipun tembung wontn panguaosipun tembung sanes.



Werna




Abang, putih, ijo, biru, kuning, jingga


5. Polisemi.
Polisemi mujudaken tembung ingkang ngemu teges langkung saking setunggal. Gampil dipunmangertosi manawi mapan ing ukara.



Babaran sampun kalih


Bayen weton uwis aja lan loro


6. Ambiguitas.
Ambiguitas iku tembung, frasa utawi ukara ingkang mangro teges.

Suduken = nyubles, lara weteng
Ngukuri = garuk-garuk, ngetung dawa
Sarungna = nyubles, nglebokake ing wrangka (keris).

7. Jinising makna.
a. Mringkus
Tembung ingkang suraosipun saya mringkus. Dados ingkang sakawit suraosipun pinten-pinten malih dados winates (mringkus).

Makna Bawera Makna Mringkus
Kaos


Sikil - kaos sport
- kaos pblong
- kaos kaki
- sikil meja
- skil gajah
- sikil jaran

b. Melar.
Makna ingkang langkung bawera tinimbang saderengipun.

Winates Bawera
Kembang

Amplop

wadhuk Kembang
Wong kang ayu
Amplop
Sogokan/suap
Weteng kewan
dam
c. Geseh.


Tembung
ndhisik
Saiki

Germa


Bajingan


Preman Wong kang gaweane bebedhak kewan galak

Sopir grobag


Nyandhang melu kaya wong lumar supaya ora kadenangan asline. Mucikari


Gawe cilaka liyan

Gentho

d. Makna Kognitif.
Makna kognitif utawi makna deskreptif utawi denotatif, inggih punika nedahaken sesambetan antawisipun gagasan ingkang wonten ing pikiran/konsep kaliyan kasunyatan.
- sega goreng
- tape goreng
- endhog ceplok

e. Makna Konotatif.
Suraosipun tembung/frasa, boten kados ingkang wonten ing tembung/frasa, nanging wonten teges sanes ingkang tumempel ing tembung/frasa punika.
- ngobongi kertas.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

BERBAGI PRAKTIK BAIK DALAM PEMBELAJARAN

Bismillahirahmanirrahim ... Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh karaharjan karahayon mugi tansah kajiwa kasarisa dumateng jengan...